Motto Pecinta Alam

jangan melempar apapun, kecuali pandanganmu
jangan membunuh apapun, selain waktu
jangan mengambil apapun, selain foto
jangan meninggalkan apapun, selain jejak kaki
Dilarang melakukan Vandalisme (mencoret coret, mengotori dll)

Save Our Nature

Don't throw away anything but your looks
Don't Kill anything but time
Don't take anything but pictures
Don't leave anything but footprints

Rafting Sungai Serayu Banjarnegara

Arung Jeram

    Tlatah Kabupaten Banjarnegara kegolong pegunungan. Panggonane nang jalur pegunungan bagian tengah Jawa Tengah sisih kulon sing membujur sekang kulon maring ngetan. Jebule kabupaten sing nduweni semboyan utawa sesanti “gilar-gilar” kuwe nduweni sumber daya alam sing melimpah. Salah sijine yakuwe Kali Serayu.

    Kejaba dimanpangataken kanggo sumber pengairan sing bisa ngileni sawah ambane 9.813,88 hektar, Kali Serayu uga bisa dadi papan nggo plesiran sing endah ningen ‘menantang’, yakuwe sing jenenge Obyek Wisata Arung Jeram. Pancen cocok marecok mandi kepati, Kali Serayu depilih kanggo wisata arung jeram. Sebabe kejaba kalian amba, banyune gede, panggonane uga nang pinggir dalan gede, Jalur Purwokerto – Semarang liwat Wonosobo. Kejaba kuwe, Kali Serayu cocok nggo pengarungan dawa, banyune ajeg sedawaning tahun, ombake gede-gede, pemandangan sekiwa tengene ya apik pisan.
    Nek arep numpak prahu karet nggo arung jeram kuwe gampang goletane. Njujuga bae maring base camp Desa Singamerta Kecamatan Sigaluh, kurang lewih mung rong kilo sekang Kota Banjarnegara arah ngetan. Nang kono ndaftar disit terus numpak motor maring nggon sing depilih nggo mangkat nunggang prau. Neng perjalanan desuguh wedang, mendowan, lan dawegan klapa ijo. Lha, nek wis tekan Base Camp Singamerta pada madhang bareng, lawueh ya kluban karo iwak kali Serayu sing degoreng garing. Pokoke nylekamin pisan …
    Kenang ngapa bisa mbuang stress? Ya jajal bae, wong ngorong-ngorong, mbeker-mbeker sedawane kali karo ciblon apa ora seneng? Malah ana sing ngomong nek arung jeram nang Kali Serayu bisa ora kemutan utang. Asal aja kelalen bae karo anak bojo …
Kejaba paket wisata Arung Jeram, nang kana uga ana layanan wisata terpadu kanggo olah raga, yakuwe Outbound Training, Paket Ball Game lan arena camping. Malah siki nang pinggir Kali Serayu Desa Singamerta wis dibangun base camp sing kumplit. An restorane, penginepan, papan nggo rapat, lan liya-liyane. Parkirane amba banget tur aman. Wisata arung jeram Kali Serayu sing maen pisan jerame kuwe kelebu grade utawa tingkat telu plus. Kahanan alam sing esih prawan lan banyu kali sing sumbere sekang Tuk Bima Lukar Dieng kuwe bener-bener njanjeni kesegeran lan bisa nggo nglatih wong sing kecing bisa kendel. Tahun 2007 kepengker, papan kiye dadi ajang Lomba Arung Jeram Tingkat Nasional. Lan tahun 2010 wulan April wingi, dipilih Federasi Arung Jeram Indonesia (FAJI) lan Korps Marinir kanggo ajang Lomba Arung Jeram tingkat AustralAsian (Australia lan Asia).
    Mulane mageh pada teka maring Banjarnegara, numpak prahu arung jeram rame-rame … Sebab pemandune profesional, pelayanane ramah tur murah. Sing jelas Rika pada puas. Aja wedi kejegur banyu, sebab sing nunggang prahu wis dienggoni pelampung. Upamane apes-apese ngnti keli, uwis ana petugas sing siap siaga nulungi. Mangga ....

Update tarif harga : Klik Disini
koleksi foto yang lain: Klik Disini

Tidak ada komentar:

Posting Komentar